Selasa, 09 Februari 2010

NALIKA SRENGENGE DURUNG ANGSLUP

Sulimah lungguh dheleg-dheleg ing lincak ngisor wit nangka mburi omahe. Awake rasane lungkrah kabeh sawise rong ndina mbladheg rewang ing omahe Wak Kaji Akhmad, tanggane. Wingi utawa mau bengi ora patiya krasa. Nanging bareng tangi turu esuk mau, sakkojur awake krasa kaku lan pegel. Bebayune rasane uga kaya dilolosi. Mulane sedina iki mau Sulimah ora metu-metu saka omah. Mung teturon wae. Iki mau lagi mentas wae dheweke mudhun saka amben, kepengin ngisis. Sumpeg rasane terus-terusan ndhuwel ing njero kamar.
Karo mijiti sikile sing krasa linu lan ngethok-ngethok iku angen-angene Sulimah kober mencolet tekan ngendi-endi. Ngumbara ing dina-dina sing wis kawuri. Kelingan nduk nalika semana, nalika dheweke esih cilik, saben ndina ngrewangi biyunge dodolan janganan ing kampunge. Yen dhagangane biyunge ora entek, dheweke sing dikongkon midherake turut lurung. Saliyane kuwi dheweke iya isih kaijbah momong adhine telu sing isih cilik-cilik. Paling sedhih yen ngadhepi adhine sing padha pating krengik njaluk panganan, utawa si Ragil sing rewel merga telat olehe ndhulang. Kamangka biyunge lagi ora ana ing ngomah. Wah, jian tobat tenan. Yen kelingan kuwi dheweke isih kerep gedhek-gedhek.
Nalika umure ngancik 16 taun, dheweke dirabekake karo jaka nunggal desa, malah kepara isih tangga, Kang Dira. Kang Dira pegaweyeane mung buruh pabrik tenun ing tangga desa. Bayare ora cukup kanggo nutup kebutuhan keluargane. Luwih-luwih sawise ketambahan anak telu saka asli perkawinane kuwi. Dadi dheweke kepeksa melu montang-manting golek gaweyan amrih cukupe. Ewang-ewang marang tangga-tangga sing mbutuhake tenagane. Kaya umbah-umbah, nutu (jaman semana durung ana mesin selip kaya saiki), masak lan liya-liyane. Nganti tekan seprene, saswise umure wis ngancik tuwa lan anake wis padha mentas kabeh, dheweke isih panggah tetep nglakoni gaweyan lawas kuwi. Dadi buruh umbah-umbah utawa pegaweyan kasar liyane.
Ora rinasa banyu bening netes nelesi pipine kelingan kabeh lelakon urip sing pait kuwi. Sulimah rasane nelangsa banget. Geneya urip kok tansah kesurang-surang. Wiwit cilik nganti tumekane tuwa durung tau rasakake urip kepenak. Bojone ndisiti bali ing ngarsaNe Gusti nalika anak-anake durung padha mentas. Banjur sawise anak-anake padha mentas, nasipe uga tetep ora owah. Merga anake telu kuwi kabeh uripe ya mung sarwa pas-pasan. Dadi dheweke ora bisa nggantungake uripe marang anak-anake. Sanajan tenagane wis selot ringkih, Sulimah kepeksa kudu nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhane.
“Sasuwene iki, rumangsaku aku tansah tumindak jujur lan ora tau gawe serike liyan. Nanging geneya kok bisa ngalami urip sing ora nyenengake kaya iki?” grenenge Sulimah lirih. Ora entek-entek anggone nggetuni nasipe sing ala kuwi.
Saklembar godhong nangka kang kuning ceblok ngenani tangane Sulimah. Wanita kuwi ndengongok. Nyawang pang-pang wit nangka ing ndhuwure. Godhong-godhonge katon ijo ngrembuyung senajan wayah ketiga ngerak. Mung wae wohe ora ana. Wis entek dhe minggu kepungkur. Wit nangka iku mujudake siji-sijine barang kenangan tinggalane bojone. Sulimah isih kelingan, bojone sing nandur nangka iku, winihe oleh mbedhol saka thukulan wit nangka ing pinggir pager pekarangan omah suwung.
“Iki jinis nangka apik. Kowe kudu sregep ngopeni supaya bisa cepet awoh,” ujare sing lanang wektu kuwi.
Eman durung nganti nangka mau awoh, sing lanang wis keselak lunga. Ninggalake dheweke lan anak-anake kanggo selawas-lawase.
Sulimah mesem sepa. Mripate esih teles dening luh. Panyawange banjur disawatake adoh ing kulon kanggo nepisake kabeh kenangan pait iku. Langit ing imbang kulon wiwit kesaput warna emas. Ing tengah-tengahe katon bal raseksa sing mengangah abang. Ora suwi maneh bal geni sing tugase madhangi dina lan ngagetake bumi iku bakal angslup. Angslup?
Sulimah njola marang pitakonan iku. Dheweke kelingan marang umure sing wis tuwa. Paribasane uripe mung kari kurang sakgebyaran. Upama srengenge kira-kira ya wis ngarepake surup kaya saiki. Sedhela maneh bakal angslup. Nanging apa sing wis bisa dicecep saka uripe sasuwene iki saliyane panandhang lan kasangsaran? Merga seprana-pranane sasate dheweke pancen durung tau ngrasakake seneng. Sakdawane urip kang wis dilakoni tansah kebak dening perjuangan. Nanging apa asile?
“Ah, urip pancen angel yen dipikirake. Ora ana dalan liya sakliyane mung kudu dilakoni. Sebab urip kuwi sawijining wewedi sing ora bisa digerba dening pemikirane menungsa sing winates,” batine Sulimah sawise meneng rada suwe.
Srengenge saya endhek lan saya endhek, pungkasane ilang ing suwalike langit.
“Samubarang kang ana ing Jagat gumelar iki pancen wis diatur. Diatur dening Sing Gawe Urip, Sang Maha Wikan. Kaya dene lakune srengenge gumantine rina lan wengi lan sapiturute. Dadi uripe manungsa ing Jagat padhang satemene uga muntg saderma nglakoni. Nglakoni apa kang wis digarisake dening Pangeran. Ora kena nduwa kersane. Sebab manungsa pancen ora wenang lan ora bakal kuwagang nulak kersane Kang Maha Wikan.”
Sulimah dadi rada tentrem atine bareng oleh kesimpulan kaya mangkono. Dheweke banjur menyat saka lungguhe, merga kahanan wiwit peteng. Kelingan yen durung nyumet lampu barang.
Dina-dina candhake Sulimah wis ora tau ngresah maneh. Ora tau rumangsa nelangsa kaya sing wingi-wingi senajan uripe ya ajeg. Kudu nyambutgawe abot ing saben ndina. Buruh ngumbahi, asah-asah lan sapiturute. Kabeh mau dilakoni Sulimah kanthi ati sing tatag, wening lan sumarah. Garis uripe pancen kudu kaya mangkono. Dheweke ora bisa ora kudu nindakake apa kersane Pangeran. Anggep wae apa kang wis dilakoni sasuwene iki pinangka ujian kanggo sangu bali menyang alam kelanggengan. Mung wae saiki Sulimah duwe kebiasaan anyar. Saben sore sadurunge srengenge angslup, senenge lungguh dhelog-dhelog ing ngisor wit nangka mburi omahe. Dheweke seneng nyawang srengenge sing ngarepake angslup. Saka rumangsane katon endah lan merbawani.
Kaya sore iku, bali saka nyambut gawe Sulimah langsung lungguhan ing ngisor wit nangka mburi omahe.Sinambi lendhetan wit nangka, mripate ngematke sesawangan ing langit imbang kulon. Bal geni raseksa kuwi mung kari katon separone. Sing separo wis ambles ing suwalike gunung. Nanging cahyane sing wis ora pati mbalerengi kuwi ndadekake langit dadi katon endah ngelam-elami. Sulimah rumangsa seneng nyawang kuwi kabeh.
Nalika srengenge wis bener-bener ora katon blegere, Sulimah tetep durung mingket saka lungguhe. Dheweke isih tetep dhelog-dhelog ing ngisor wit nangka. Akeh perkara-perkara sing kumlebat ing pikirane. Perkara-perkara sing suwene iki ora tau dipikirake. Ing antarane ngenani nasip, kuwajiban lan dina tembe mengko. Dina tembe sawise dheweke mungkur saka alam padhang iki. Nasip apa kang bakal nunggu dheweke ing kana? Apa kang bakal dilakoni ing alam kang durung dimangerteni iku? Embuh kenapa, pikiran-pikiran kaya iku keri-keri iki tansah ngganggu atine. Ngonggreh-onggreh katentremane.
“Apa bener dina tembene manungsa iku mung saderma kuburan? Yen kaya mangkono apa tegese pangorbanan lan ketaqwaan marang Pangeran?” Sulimah wiwit mikir-mikir.
“Urip ing bebrayan agung kudu ngajeni marang adeg-adeg (hukum) sing dibangun dening masyarakat ing kiwa tengene. Adeg-adeg sing kailhami dening hukum-hukum saka Gusti Kanga Murbeng Dumadi kang disampekake liwat para utusaNe. Lan jarene, urip sing taat lan manut adeg-adeg kang digarisake dening Gusti lan masyarakat amrih rahayune bebrayan agung iku bakal sampurna ing tembe mburine. Nanging ngudi kasampurnan iku angel. Buktine ora saben wong bisa nglakoni, senajan diloloh piwulang-piwulang adiluhung,” batine Sulimah. Dheweke banjur kelingan lelakon-lelakon sing nyimpang karo cita-citane bisa ngrasakake urip mulya ing jagad padhang iki.
Tes! Ora rinasa banyu bening wiwit mili saka pojok mripate, mili nelesi pipine sing kriput, banjur netes nelesi tangane sing tumumpang ing pangkone. Sulimah cepet-cepet lunga saka papan kono sadurunge pikirane ngambra-ngambra tekan ngendi-ngendi.
Pancen, senajan wis nyoba pasrah marang nasip kang ditampa iki, nanging ing teleng atine Silimah durung bisa nguwalake kabeh pepengenan utawa cita-citane, kaya lumrahe cita-citane wong urip ing jagad ginelar. Pengen duwe barang-barang pengaji, sandhang pangan cukup, umah gedhong magrong-magrong komplit sak berkakase. Nanging pepengenan mau ora tau kawujud. Wong nyatane seprana-seprene uripe tansah pas-pasan malah kepara kurang.
Mlebu umah bledheng, kahanan peteng lelimengan. Tangane Sulimah ngrayahi tembok, goleki saklar lampu. Ketemu. Ora let suwe byar! Lampu murup padhang. Sulimah banjur mlebu kamar. Karepe arep njupuk klambine sing resik kanggo ganti. Nalika mbukak lemari sing wis tuwa dipangan umur iku, mripate ngonangi tasbih sing cemanthel ing lawang lemari perangan njero. Embuh wis pirang taun iku tasbeh ora tau disenggol. Sebab rasane uga wis suwe banget Sulimah leren anggone sembahyang. Mbok menawa wis ana limalasan taun kliwat, sakploke ditinggal mati sing lanang Sulimah ora tau mbukak sajadahe. Ora kober. Saben dina wiwit esuk byar nganti tekan ngarepake surub, sok-sok y malah kliwat, tansah direpotake anggone golek sandhang pangan.
Suwe Sulimah mandengi tasbehe sing mbleret merga katutup lambu. Alon-alon tasbeh mau disenggol, dielus-elus nganggo tangane sing wis ora pengkuh maneh iku. Lan kaya diosikake, Sulimah banjur nggoleki sajadah lan rukuhe kang disimpen primpen ing njero lemarine.
Bengi kuwi Sulimah wiwit sembahyang maneh. Senajan gerakane krasa kaku lan tatacarane mbokmenawa akeh sing kleru, merga lali, saking suwene ora nglakoni solat, nanging Sulimah ora perduli apa solate kuwi sah utawa ora. Dheweke ora mikirake kabeh kuwi. Sing baku dheweke ngadhep marang Tuhan, Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing sisa-sisa umure iki dheweke kepengin bisa cecaketan karo panjenengaNe.
Wanita tuwa kuwi olehe mikir ora mung mandheg tekan semono. Dina-dina candhake sinambi nyawang endahe srengenge kang ngarepake angslup, Sulimah tansah mikir lan mikir. Mikir dawa ora rampung-rampung. Embuh nganti kapan.***
Kapetik saka Antologi Cerkak NALIKA SRENGENGE DURUNG ANGSLUP Karya ARDINI PANGESTUTI. 1996.

1 komentar:

  1. TATONIC STRIP - Titanium Strength
    At the start of titanium hammer the game you will see the TATONIC STRIP. The weapon you have to use is a "Lite Gun." When you hit the "TATONIC STRIP", the weapon you will use a "Lite Gun". t fal titanium pan The weapon you have to use is a "Lite Gun." When you hit the "TATONIC citizen super titanium armor STRIP", the weapon you will use a "Lite Gun". The weapon you have to use is a "Lite titanium nose hoop Gun". The weapon you have to use is a "Lite Gun.". The weapon you have titanium ore terraria to use is a "Lite Gun.". The weapon you have to use is a "Lite Gun.". The weapon you have to use is a "Lite Gun.". The weapon you have to use is a "Lite Gun.".

    BalasHapus